alfian. Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

Pages

RIWAYAT PUNDEN TAMBAKBOYO

RIWAYAT PUNDEN TAMBAKBOYO


Assalamu’Alaikum Wr,Wb
Nami :Guno Wijoyo
Kedadosan :Kirang Langkung Abad 16
Wujud :Selo Kotak setunggal Meter
Jenisipun Selo :Andhesif
Wuju Dasaripun :Yoni/pi.Lingga/Pa(Miri bulakan)
Ingkang Kagunggan :Negara dipon titipaken kalian Jawatan Pra Sejarah lan Purbakala Republik Indonesia,kantor Cagar Budaya Prambanan.
Setatusipun :Peninggalan Budaya Nenek Moyang ingkang dados Kebudayaan Nasional:ingkang kedah dipun lestarekaken kawontennanipun
Paedaipun :Pepunden wargo Tambakboyo ingkang di punlestarekaken(di uri-uri) lan di rayakaken setunggal tahun sepindah sarengan kalian Bersih Desa.
Pasangannipun wonten ing Desa Lengking Bulu lan Dukuh Miri Bulakan Sukoharjo.Guno wijoyo Panggenan leren Ulama jaman Wali : ingkang wonten Lengking lan Miri Kangge pijaan kaleh suku Ulama Kasebad : Wonten Ugi Kitap Suci ALQU’AN Kuno Sak meniko dipun simpen wonten ing NGAYOKYAKARTA
SUMBER INFORMASINIPUN :
1. Sesepuh Tambakboyo jaman rumiyen gih meniko Bp.Asmo Pawiro(Mudin Desa)
2. Camat Tawangsari Bp.Mitro Pranoto
3. Carik Desa Tambakboyo (Mantan) geh punikoBp.Setyo Wiyono
4. Sumber Sanes ingkang saget dipun pitados kanti dasar pengalaman utawinipun ilmu ingkang pikantok .
5. Cerita saking tiang dateng tiang
ASAL-USULIPUN:
1. Saking Sesepuh Desa ngendikakaken Bilih selo kasebat asalipun saking Delepih ingkang rumiyen dados pangenan lengah ipun Kanjeng Sunan Kalijogo Waktu tirakat /sesirih.
2. Saking Camat Tawangsari : selo kasebad asalipun saking Demak rumiyen ingkang rumiyen kados “OMPAK” (Kados Dasar pondasi griyo) ingkang mboten kangge wedal mbanggun Masjid Demak
3. Sumber sanes ngendikakaken bilih selo kasebad saking peninggalan Kerajaan Majapahit
4. Pemerinth Bupati ;IR. Tejo Sumintobade mindah aken dateng Sukoharjo dados panggenan wisata taun 1998

PEMBANGUNAN :
1. Kabangun dening KIYAYI AHMAD SULAIMAN DARI DESA KALI GAWE,PEDAN KELATEN .Kanti wragat saking kiyayi Ahmat Sulaiman lan tenaganipun kanti gotongroyong wargo masyarakat Tambakboyo . wedal niku di paringgi ”CUNGKUP AGENG” Kalian pager tembok (selo boto ingkang dipun ginaakaken kangge pager ukuranipun 40cm x15cmx15cm)
2. Deneng Bp Marto Sarjono (lurah) tanggal 26 juni 1966 (sasampunipun beno ageng /amberolipun tanggul solo )
3. Kanti bertahap saben tahunipun di pun wontenaken kesaenan lingkup punden (kados:plester,keramik dasar,pengecetan, gapuro, teralis, lan sanes-sanesipun).
Sumber biaya pembangunan niki asal ipun saking geh meniko:
1. Wargo Tambakboyo,Tambakrejo
2. Sumbangseh saking donatur
3. Sumbangan sanes engkang sah (mboten mengikat).
RIWAYAT SINGKAT :
Ing jaman rumiyen tambakboyo mboten anggadhai punden utawi danyang,Bp.Asmo pawiro pikantok riwayat/sejarah saking poro ingkang rumiyene
 Enjeng-enjeng sanget sesepuh desa wedal rumiyen tindak dateng Lepen Bengawan solo engkang rumiyen wonten ingsak wetanipun wet ringen . kanti kaget mangertosi wonten selo ageng wonten ingpinger lepen (kaget menawi riyenipun mboten wonten lan dugi pinten-pinten wulan selo kasebat tetep wonten ing pangenan niku lan mboten pindah)
 Sesepuh desa mikeraken bab selo kasebat,lan gadai niat sae geh meniko kepingen nginggahaaken dateng inggil engkang luweh inggil (engkang luweh sae).
 Niat sae meniko di pun sampekaken kalian sedoyo wargo tambakboyo,lan kanyoto pikantok tanggapan engkang sae ugi (gayung bersambut ).Musyawarah di pun leksanaken lan di sepakati kange ngangkat selo kasebad kanti sareng-sareng deneng wargo sekampung,nanging sedoyo mboten mampu ngangkat. Masyarakat mantok kaleh mikir aken (ngudo roso).selo engkang agengipun di angkat tiang se kampung pramilo mboten saget berasil
 Mboten danggu sesepuh kasebad pikantok ilham /wisik/pirasat (saking mimpi). Bileh isi wisek kasebat geh meniko bileh masyarakat puron meraawat kulo,kulo bade damel sae kalian masyarakat Tambakboyo.kulo saged di angkat kalian 3 syarat geh meniko:
 Dinten Jum’at Kliwon
 Sarengangkat di iringgi ungeling gamelan utawi kelenengan
 di iringgi tandak engkang naminipun Nyai Sandhung
 wedal niku pikantuk wisik Sesepuh Desa nakok aken dateng naminipun lan di pun jawab “ KIYAYI GUNO WIJOYO” Serto masyarakat Tambakboyo puron ngopeni “Kulo” kanti sae ; “kolo”bade mbantu keselametan masyarakat tambakboyo
 esok ipun sesepuh desa ngumpulaken sedoyo wargo kangge musyawarah lan pikantuk kesepakatan bulat,kangge ngelaksanani wisek kasebut
 keleresan dinten jum’at keliwon wontwn tandak/ledek mbarang jangkep lan di pun takoni asmonipun kaleresan “Nyai Sandhung” milo lajeng di pun tanggap.sesepuh desa ngumpulaken wargonipun kangge sareng-sareng ngangkat selo kasebut sesampunnipun gongso / gamelan di pun ungelaken lan di sindeni sarto tarian lan( tayo)saking nyai sandhung sedoyo wargo kiyat ngangkat lan ngingah aken
 kanti kasebut ing inggil milo masyarakat tambakboyo yakin bileh menawi engkang dados wisek meniko leres .milo saben setaun sepindah masyarakat tambakboyo ngerayakaken kanti 3 syarat sasebat.
 Kalian keyakinan kasebut toto coro teradisi tetep di pun leksanaken.wonten dinten kapeng kaleh wargo masyarakat Tambakboyo “setunggal niat lan setunggal tekat”serto kalian coro piambak-piyambak mboten amung kusus masyarakat tambakboyo sanesipun wargo saking daerah sanes nderek ngerayak aken
 Ngala berkah (barokah)engkang di pun kenal kalian nami “midhang”
 Kaul/ngluari ujar (nadzar).
 Nayob (seni tayup)engkang di pun leksanaaken engkang dinten jumat siang

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar